Syi'ir

-neks7779neen-
Allahumma Shalli Ala Sayyidina Muhammad
Shalatu Allahi Ma Lakhat Kawaakib
Ala 'Hmad Khoiri Man Roqiban Najaaib

Iki Syi'ir Kanggo bocah lanang wadon
Nebehake tingkah laku ingkang awon
Sertha nerangake budhi kang prayogo
Kanggo Dalan Podo Mlbeu ing Suargo

Bocah iku wiwit Umur 7 tahun
Kudhu Ajar Tata Ben Ora Gaten
Kudhu Tresno Ring Ibune Kang Ngrumathi
Kawit Cilik marang bapak kang gemathi

Ibu Bapak Rawangane lmaon Ripet
Ajha kaya wong gemagus ingkang wangket
Lamon Ibu bapak prentah enggal tandhang
Ajha bantah ajha saghul aja mampang

Andhap ashar ing wong tuwo najan liyo
Tetep ana ajha kaya rajakaya
Gunem alus, alon, lirih ingkang terang
Ajha kasar ajha misuh kaya bujang

Ben wonng tuwo lungguh ngisor sira ajha
Pisan lungguh dhuwur kaya jamajuja
Ben wong tuwo sare ajha geger guyon
Lamon sira nuju maca kudhu alon

Lamon sira liwat ana ing ngarephe
Kudhu nuwun amit sertha dephe-dephe
Lamon Ibu bapak duka becik meneng
Ajha melu padhon uga ajha greneng

_Kyai Bishri Musthafa_Rembang_

0 komentar:

Posting Komentar

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

phionexzidka

Ittaqillaha haytsuma kunta...La taqul ful qabla an yashbaha fil makyul ...alwahdatu khoirun min jalisisuu' ...Kalah bukan lelah untuk berkarya!

Follow


Copyright © / Qsmart

Template by : Urangkurai / powered by :blogger